Cerita Rayat Roro Jonggrang dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

16 Februari, 2015

Cerita Rayat Roro Jonggrang dalam Bahasa Jawa

Loading...

Kumpulan cerita jawa. Sugeng ndalu rencang sedaya, kisah legenda Roro Jonggrang sangat erat hubungannya dengan awal mula berdirinya candi prambanan. Bagaiman cerita rakyat Roro Jonggrang dalam bahasa jawa dapat kita simak bersama di bawah ini.

Ana ing jaman kerajaan Hindu-Budha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna. 

Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Lorojonggrang. 

Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang kerajan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerng kerajan Pengging. Peerangan gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan Pengging ugo kerajaan Boko. Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko. Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine. 
cerita-rakyat-roro-jonggrang-dalam-bahasa-jawa

Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur saka kerajaan Pengging mlayu menyang kraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka kerajaan Boko mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko. Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrong lan ngandhani menawi Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang. Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake. 

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan: 
“Yen sampean pengen ngrabeni aku, Samoean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.” 

Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut. 
Ilustrasi: para dayang ngobong damen
dalam cerita rakyat Roro Jonggrang bahasa jawa
Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka. Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep, Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi. 

Raden bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kesebut. 
cerita-rakyat-roro-jonggrang-dalam-bahasa-jawa

Dari kisah cerita rakyat Roro Ronggrang dalam bahasa jawa di atas tentunya kita dapat menarik kesimpulan bahwa kesombongan atas diri seseorang tidaklah dibenarkan. Di lain sisi Roro Jonggrang yang melakukan kecurangan berakhir dengan kutukan yang menimpa dirinya. Semoga bermanfaat.