Cerita Malin Kundang dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

03 Agustus, 2014

Cerita Malin Kundang dalam Bahasa Jawa

Loading...

Cerita Malin Kundang dalam Bahasa Jawa

Cerita Rakyat Dalam Bahasa Jawa. Ana ing sawijineng dina urip keluarga nelayan ana pinggiran segoro daerah Sumatra kana. Keluarga kesebut cacah telu yoiku bapak, embok lan anak lanang sing diwenehi jeneng Malin Kundang.

Amarga kondisi ekonomi keluarga sing mrihatinke, sang bapak mutuske kanggo nggolek rejeki menyang luar negeri nglewati segaran sing amba. Mula tinggal si Malin lan emboke neng ngomah.

Seminggu, rong minggu, sesasi, rong sasi, wis nganti setaun luwih kapungkur, bapak Malin ora uga bali menyang ngomah. Dadine emboke kudu gumanteni posisi bapak Malin kanggo nggolek rejeki.

Malin klebu anak sing cerdas nanging mbeling. Dheweke kerep mburu pitik lan nggebuge karo sapu. Neng dina pas Malin lagi mburu pitik, dheweke kesandung watu lan lengene tatu kena watu. tatu kesebut dadi ireng lan ora bisa ilang.

Sakwise joko (Gedhe), Malin Kundang rumangsa mesakake karo emboke sing nggoleki nafkah kanggo nggedhekne awake.

Dheweke golek cara kanggo nggoleki rejeki neng negeri seberang karo ngen-ngen mengkone pas bali menyang desa dheweke wis dadi wong sing sugih.
Malin kegeret karo ajakane mandor kapal dagang sing dhisike kere saiki wis dadi wong sing sugih banget. Malin kundang ngaturke kekarepane marang emboke.

Emboke semula kurang setuju karo kekarepane Malin Kundang, Naning amarga Malin terus mbujuk, embok Malin akhire ngijinke senajan karo abot ati.

Sakwise nyiapke bekal lan pepakan sacukupe, Malin cepet-cepet menyang pinggir segoro diterna emboke.
"anakku, nek kowe wis kedadeyan lan dadi wong sing sugih, aja lali karo embokmu lan desa iki, le", pesen embok Malin Kundang karo ngusap eluhe.

Kapal sing ditumpaki Malin tambah suwe tambah adoh karo diiringi lambaian tangan embok Malin Kundang. Sajrone ana ing kapal, Malin Kundang akeh sinau babagan ngelmu pelayaran seko anak buah kapal sing wis pengalaman.

Neng tengah dalan, ujug-ujug perahu sing dimunggahi Malin Kundang dicegat perahu liyo. Kabeh barang dagangan para pandagang sing ana njero kapal dirampok.

Malin Kundang untung banget awake ora dipateni para perampok segara, amarga pas kadadean kuwi, Malin cepet ndelik neng ruang cilik sing ketutup kayu.

Malin Kundang mubeng minger ngiwo nengen ana tengah segara, nganti akhire kapal sing ditumpaki terdampar ana pinggir pante.

Malin Kundang banjur mlaku menyang desa sing paling cedhak saka pantai. Sak tekane neng desa kesebut, Malin Kundang ditulungi masyarakat desa kesebut sakwise nyeritoke kedaden sing dialami sakdurunge.

Desa panggon Malin terdampar kalebu desa sing subur banget. Bekal keuletan tandhang gawe, Malin suwe-suwe dadi wong sing sugih banget. Dheweke nduweni kapal akeh lan bebakulan karo anak buah sing cacahe luwih saka satus wong.

Sakwise dadi wong sugih, Malin Kundang nglamar prawan kanggo dadi bojone. kabar Malin Kundang sing wis dadi sugih lan wis rabi uga ketuk marang embok Malin Kundang. embok Malin Kundang ngroso bersyukur lan bungah banget anake wis dadi wong kang sugih.

Kawit wektu kuwi, emboke Malin Kundang saben dina lunga menyang pinggir segoro, nunggoni anake sing mbok menawa mulih menyang desa.

Sakwise sawentara rabi, Malin lan bojone nglakoni pelayaran nganggo kapal sing gedhe lan apik.
Embok Malin Kundang sing saben dina nunggoni anake, ndeleng kapal sing becik banget kuwi, pelabuhan. Dheweke ndeleng ana loro wong sing lagi ngadeg neng dhuwur geladak kapal.

Dheweke yakin yen sing lagi ngadeg kuwi yaiku anake “Malin Kundang” lan bojone. Malin Kundang banjur mudhun saka kapal. Dheweke disambut saka emboke. Sakwise cukup cedhak, emboke ndeleng las tatu neng lengen wong kesebut, tambah yakin emboke menawa sing dheweke cedhaki yaiku Malin Kundang.
"Malin Kundang, anakku, geneya kok lunga ngono suwe tanpa ngirimake prungu?", turene karo ngekep Malin Kundang. Nanging apa sing kedadean?

Malin Kundang cepet cucul kekepane emboke lan nyurung nganti tiba.
"sopo awakmu, sembarangan wae ngaku dadi embokku", tembung Malin Kundang nang emboke.
Malin Kundang ethok-ethok ora ngenali emboke, amarga isin karo emboke sing wis tuwa lan nganggo kelambi compang-camping.

"wedok kuwi embokmu ?", takon bojo Malin Kundang.
"ora, dheweke mung pengemis sing ethok-ethok ngaku dadi embokku ben oleh bandha", jawab Malin marang bojone.
cerita-rakyat-versi-bahasa-jawa

Krungu lan ngalami kelakuan sakgelem-gelem saka anake, embok Malin Kundang nesu banget. Dheweke ora ngira anake dadi anak durhaka. Amarga nesu sing memuncak, embok Malin ngangkat tangan loronee karo dungo
"Oh Tuhan, yen bener dheweke anakku, tak kutuk dheweke dadi watu".

Ora suwe banjur angin kencang ribut lan badai teka ngrusak kapal Malin Kundang. Sakwise kuwi awake Malin Kundang alon-alon dadi kaku lan suwe-suwe akhire nduwe bentuk dadi watu karang.

Hikmah Saka Cerita Kasebut: Dadi anak aja tau nglalekne kabeh jasa wong tua paling utama marang embok sing wis ngandung lan nggedhekne anake, apa maneh yen nganti dadi anak sing durhaka. Durhaka marang wong tua iku dosa gedhe sing ditanggung dhewe saka anak.

Cerita di atas merupakan contoh cerita malin kundang dalam bahasa jawa. Semoga dapat kamu jadikan inspirasi sebagai bahan pengetahuan sekaligus contoh perbuatan yang tidak baik.