Contoh Pengalaman Pribadi Plesiran Dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

12 Februari, 2015

Contoh Pengalaman Pribadi Plesiran Dalam Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng siang sedulur sedaya. Pada siang hari ini kami akan berbagi sedikit cerita pengalaman pribadi plesiran dalam bahasa jawa. Semoga artikel ini bisa dijadikan sebagai contoh dalam membuat tugas pengalaman pribadi dengan bahasa jawa. Langsung wae simak ana ing ngisor iki.

Ana ing dina minggu kapengker aku lan adiku lungo menyang segara kidul parangtritis kanggo ngisi wektu liburan sekolah. Sawise ngrampngake anggone mbiyantu wong tuo ana ngomah, jam pitu aku budal seka ngomah. Ana ing ndalan aku lan adiku ketemu wong kang uga badhe tindak menyang parangtritis. Amergo namung sepedaan aku lan adiku seren leyeh-leyeh ana ing pinggir dalan parangtritis.
pengalaman-pribadi-bahasa-jawa-plesiran-1

 Aku milih seren ana ing warung es degan kang kayane sepi durung eneng wong kang mandeg jajan. Singkat cerita aku lan adiku nglanjutake lampah menyang parangtritis. Namung paitan nekat lan seneng aku tekan parangtritis jam songo enjing.

(setelah sampai di parangtritis selanjutnya kamipun menikmati keindahan pantai tersebut, seperti apa kelanjutan kisah kami bisa bersama kita simak pada cerita pengalaman pribadi plesiran dalam bahasa jawa di bawah ini)

Angin lan ombak kang gedhe gawe aku pengin adus kungkum ana ing segara kidul parangtritis. Obak kang ngapyuk awak mestine anggawe teles kabeh busana kang tak agem. Senajan aku ora nggowo salin ananging aku tetep wae dolanan banyu lan pasir ana ing pesisir parangtritis.
pengalaman-pribadi-bahasa-jawa-plesiran-2

Tanpa krasa wayah wis ngilengake jam sewelas, katon matahari kang cemlorote tansah kroso panas ana ing kulit tangan lan rai ku. Sawise resik-resik kanti banyu sumur kang ana ing warung-warung aku lan adiku banjur kepikiran jajan bakso amergo isuk mau aku lan adiku durung sarapan.

Ngampet isin amergo anggawe busana kang teles kabeh aku lan adiku mlebu ana warung bakul bakso kanthi pesen bakso lan es jeruk. Sawise mangkok lan gelas kang kaisi pesenanku mau teka ana meja langsung tanpa basa-basi ludes tanpa sisa.

Singkat cerita aku lan adiku bali muleh amerga wayah wis nunjukake jam rolas. Kanthi sandangan kang iseh teles aku lan adiku ngontel sepeda tekan ngomah.
pengalaman-pribadi-bahasa-jawa-plesiran-3

Kringet gegodres lan sikil katon kroso soyo abot anggone ngontel pedal sepeda. Ketok ngomah sawise adul lan reresek banjur aku lan adiku leyeh-leyeh ana ngarep TV nganti keturon tumeka wayah adan asar.

Contoh di atas merupakan sebuah cerita pengalaman pribadi plesiran dalam bahasa jawa. Sobat semua tentunya juga bisa kan buat tulisan atau artikel seperti tersebut di atas? Selamat berkarya ya.

Artikel iki klebu: Cerita pariwisata menggunakan bahasa jawa, cerita singkat tentang pengalaman pribadi, buatlah sebuah cerkak basa jawa mengenai pengalaman pribadi, contoh pengalaman pribadi basa jawa, pandai berbahasa.