Suging enjing rencang sedaya. Dalam cerita wayang bahasa jawa Arjuna pada hari ini kita akan menampilan kisah dengan lakon Wahyu Makuta Rama. Bagaimana cerita selengkapnya langsung saja kita simak bersama di bawah ini.
Prabu Suyudana ngutus Adipati Karna, lan Patih Sengkuni saha para Kurawa menyang Gunung Kutarunggu utawa pertapan Duryapura kanggo golek mahkuta Sri Batara Rama utawa Wahyu Makuta Rama. Makuta iku diincer akeh para kesatria amerga nduweni manfaat kang linuwih. Menurut para rama, sopo wong kang duweni makuta rama bakal dadi wong sekti soho bisa nurunake raja-raja ana ing tanah jawi lan ugo bisa dadi raja ana ing tanah jawi.
Ana ing gunung Kutarunggu Anoman lan Kesaswasidi manggon ugo nguwasani wilayah kasebut. Adipati Karna sawektu teko ana ing Kutarunggu banjur sowan marang Anoman ugo ngendikaake maksud lan tujuan dewe’e menyang kutarunggu. Ngerteni tujuan saka Adipati Karna Anoman ora wenihi ijin marang Karna kanggo golek Makuta Rama ana ing tlatah Kutarunggu. Mergo iku banjur kedadean peperangan antara Anoman dan Karna. Merga kalah kuat Karna ngetokake senjata pamungkase yaiku panah Wijayadanu kanggo manah Anoman, ananging kasekten Anoman iseh bisa nglawan kasekten panah Wijayadanu sainggo bisa nangkap panah iku lan digawa ana ing tlatah Swelagiri.
(pada cerita wayang bahasa jawa Arjuna dengan lakon Wahyu Makuta Rama selanjutnya akan menceritakan peperanggan yang terjadi antara Arjuna dan Bala Kurawa)
Ana ing Swelagiri kasunyatan Arjuna uga golek Makuta Rama, panjenenganipun dateng wonten Swelagiri kanti niat pados Makuta Rama, ana ing Swelagiri Arjuna kepanggih kalian Begawan Kesaswidi lan nerangake maksud tujuan dugi wonten Swelagiri. Mireng menapa kang dipun aturake dening Arjuna, Begawan Kesaswidi banjur njelasake yen Makuta Rama niku saktemene ora kawujud barang kang bisa di gujeng, di delok, ugo di duweni. Ananging kang disebut Makuta Rama iku saktemene arupa ngelmu becik kang luhur dadi tindak tanduk kanggo raja kang sempurna. Makuta Raja iku saktemene sebutan saka ngelmu kang disebut ngelmu Astabrata.
Sang Begawan nglajengaken pituture kagem Arjuna, piambakipun caos ramalan yen ana ing jaman kang arep teko putu saka Begawan Kesaswidi kanti jeneng Parikesit bakal dadi raja kang nguwasani tlatah Jawi. Sawentara Anoman kang ana kunu anggawa panah Wijayandanu ugo dipun paringi wejangan supaya piyambake nerusake anggone tapa ana ing Kendalisada, sesok ana tekane Prabu Jaya Purusa ana ing tlatah Kediri piyambake bakal diangkat munggah suwargo.
Singkat cerita panah Wijayadanu dipun caosake denig Arjuna lan Arjuna nglanjutake nggawa panah iku kanggo diparingake dining Adipati Karna.
(Peperangan Baratayudha dalam cerita wayang bahasa jawa Arjuna dengan lakon Wahyu Makuta Rama dapat disimak di bawah ini)
Sawentara iku ana ing liya papan, Dewi Subadra binggung anggoleki lelungane Arjuna kang ora liya yaiku bojone. Ana ing ndalan Dewi Subadra kepanggih dining Batara Narada kang banjur weneng busana priya kangem Subadra. Sawise Subadra ngagem busana iku banjur Batara Narada dawuh supaya dewek’e ganti jeneng kanti Bambang Sintawaka lan lunga menyang tlatah negeri Kurawa kanggo mbantu ngelawan Arjuna.
Bima lan Gatotkaca ugo bingung anggoleki lungane Arjuna, ana ing ndalan Bima lan Gatotkaca pepanggian dining Kumbakarna. Saka wejangan Wibisana kang dawuh yen Kumbakarna kudu njelma ana ing Bima mangka Bima banjur mlebu ana ing sikil kiwa saka Bima kanggo ngelawan Kurawa.
Sakwektu Kurawa kang dibantu saka Bambang Sintawaka ketemu Arjuna banjur Kurawa nantang Arjuna kanggo perang. Perang banjur kedadean demenanan, anangin amergo Arjuna bisa ngenali Bambang Sintawaka iku bojone, banjur Sintawaka berubah ana ing wujud asline yaiku Dewi Subadra.
Bala Kurawa banjur nglawan Arjuna saha Dewi Subadra, ana ing pungkasane perang teko Bima lan Gatotkaca kang bisa mbantu Arjuna ngalahake Bala Kurawa.
Demikian cerita wayang bahasa jawa Arjuna dengan lakon Wahyu Makuta Raja yang kerap kali dipentaskan dalam cerita pewayangan baik wayang kulit, maupun wayang wong.
Lakon iki kalebu: cerita wayang bahasa jawa , cerita arjuna dalam basa jawa, perang barathayuda, wayang kulit,