Naskah Drama Bahasa Jawa Tentang Pendidikan -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

21 Mei, 2015

Naskah Drama Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Loading...

Salah satu naskah drama bahasa jawa tentang pendidikan di bawah ini sengaja kami sampaikan kepada teman-teman semua. semoga contoh naskah singkat ini nantinya dapat membantu teman-teman dalam mengerjakan tugas maupun dalam berkarya khususnya dalam pelajaran bahasa jawa mapun drama. Untuk itu langsung saja kita simak naskah di bawah ini yang menceritakan tentang persahabatan di sekolahan.

Bani, Ririn, Yayuk lan Tedy yaiku kanca sing wis pada kenal suwe nalika isih sekolah ana ing SD. Saiki dekne kabeh wis pada sekolah ana ing SMP. 

Sawijining dina Bani nakoke babagan kesiapane kanca-kancane melu ulangan basa Indonesia sing bakal kalakon sesuk esuk. Saka ketelu kancane, jebulna Tedy ora sinau padha pisan lan luwih mileh kanggo ngentekake wakunya karo dolanan Game. (Kelanjutane mengkene ana naskah drama bahasa jawa tentang pendidikan iki).
Naskah Drama Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Bani : Sesuk awake dhewe ana ulangan basa Indonesia, kowe wis nang siap durung? 
Ririn : Jelas uwis lah.. Aku wis sinau saka wingi-wingi kanggo jaga-jaga ngadhepi ulangan sesuk. 
Yayuk : Aku uga wis sinau kok. Ya..  Muga wae soale gampang ben bijiku oleh api! Kalu kowe Ted? 
Tedy : Aku ora sinau. 
Bani : Kok ora sinau Ted? Emang kowe ngapa wae neng ngomah? Dolanan PS mesti? 
Tedy : Iya sih.. Saben mbengi aku ngenteke wektu kanggo dolan game. Urusan sinau aku nggak sepira pradulekne.

Ririn : Wah.. Payah kowe Ted! Mengko yen bijimu elek piye? 
Tedy : Ya ra piye-piye. Yen aku isa ya tak garap, yen gak isa ya arep kepiye meneh. 
Yayuk : Ted, kowe gak bisa muni ngunu. Tugase murid ki ya kudu gelem sinau, lan sinau kuwi dudu mung wayah awake dhewe ana neng sekolahan wae, nanging pas wayah ana ngomah awake dhewe kudu sinau, luwih-luwih meneh yen awake dhewe durung nyuwasani pelajaran kui. 

Bani : Nah, bener  kui apa sing dikandha Yayuk. Kowe ra isin yen mengko bijimu elek? Wong awake dhewe kancamu wae mesti ngerasa isin ro liyane yen mengko bijimu elek dewe sak kelas. 

Tedy : Koe ki do isin ngapa? Wong sing bijine elek wae aku, dudu kowe? 
Ririn : Ya sanajan sing bijine elek kuwi kowe, ning aku kabeh kan ya kancamu cerak?! Apa sing kedadean ro kowe, becik utawaa ala ya melu nanggunge uga. 
Drama Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Yayuk : Iya, kowe kudune sinau kaya awake dhewe Ted. Uwislah, awake dhewe ora nglarang kowe dolan, ning ya kowe kudu nduwe jadwal kanggo sinau neng ngomah. 
Tedy banjur rumangsa kanca-kancane kesebut jebulna nduwe perhatian sing marang awake dadine dheweke rumangsa wis nglakoke kaluputan. Tedy akhire ngujar menawa dheweke arep sinau kanthi sregep. 

Tedy : Becika, bokmenawa nyat ana sing salah karoku. Ok, sakwise iki aku bakal nglakono kandanmu kabeh, aku arep sinau kaya kowe. 

Kanca-kanca Tedy : Nah, kuwi lagi Tedy. Apik yen kowe wis eling, menawa pamulangan kuwi penting kanggo awake dhewe.

Demikian drama sekolah yang dikemas dalam bahasa jawa semoga dapat menghibur sekaligus bermanfaat bagi teman-teman semua. Setidaknya terdapat nasehat kebaikan dalam naskah drama bahasa jawa tentang pendidikan di atas.