Cerkak Bahasa Jawa, Panut Bocah Angon Wedhus Kang Wicaksono -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

18 Desember, 2014

Cerkak Bahasa Jawa, Panut Bocah Angon Wedhus Kang Wicaksono

Loading...

Selain cerita dongeng, legenda, wayang, dan pidato, kami akan membagikan cerkak bahasa jawa di bawah ini. Cap cus.... selamat menyemik.

Ana ing jaman ndisik ana bocah angon wedhus kang dikenal nganti ana endi wae amarga bisa menehi jawaban saben-saben pitakonan saka sapa wae. Bocah kui due jeneng Panut, anak keluarga tani ana ing pelosok kerajaan. Kabar iki semebar nganti teka kuping Raja ing keraton, nanging Sang Prabu piyambak kurang manteb ing ati karo apa kang wong ceritakake bab bocah angon kui mau, mulane cah lanang tukang angon wedhus iku di dhawuhi teka menyang keraton. 

Nalika  teka, Raja ngandika marang Panut: "Yen awakmu bisa njawab saka telu pitakonku marang kowe, aku  bakal nganggep awakmu kaya anakku dhewe, lan awakmu bakal seneng urip karo aku ana ing kraton iki."

"Apa pitakonan katelu, gusti?" takon Panut.

"Kapisan, sepiro akehe banyu sing ana ing segara?"

"nyuwun sewu Paduka," wangsulane Panut, "mungkasi kabeh tetesan banyu sing ana ing bumi, supaya aja ana sak tetes wae sing bakal mili menyang segara sadurunge aku ngetung, yen punika sampun panjenengan lakoni, Kula bakal paring pirso marang Paduka sepinten katahe banyu ing samodra menika!"

"Pitakonan kapindho," ngendikane raja, 

"Sepira akehe lintang ana ing langit?"

"Paringi kawula kertas," ngendikane bocah angon iku, 
Kertas iku banjur dicoblosi marang jarum supaya akeh bolongan kanti ora bisa dietung. Nalika rampung bocah angon ngandika: 

"Cacahe lintang ana ing langit akeh minangka bolongan ana ing kertas iki, apa ana uwong sing bisa ngetung cacahe?" ...........
cerita-bahasa-jawa
Lanjutan cerkak bahasa jawa

Sang Prabu banjur ngandika maneh: 

"Pitakonan katelu, ana pirang detik urip ana ing kalanggengan?"

"Wonten karajan punika wonten gunung toron kang duwure sak mil, sak mil gedhene lan sak mil jerone, saben sewu taun, ana manuk gagak kang teka kanggo nggosok paruhe marang pucuk gunung, lan nalika sekabeh gunung kanti gedhe semono mau entek dening gosokan paruh manuk, mangka detik  pisanan saka kalanggengan diliwati."

"Awakmu njawab telung pitakonan kanti wicaksono," ngendikane Sang Prabu, "lan saiki kowé bakal manggon karo Aku ing kraton iki, aku mesthi bakal nganggep sira kaya anakku dhewe."

Nah di atas merupakan cerkak bahasa jawa dengan judul “Panut Bocah Angon Wedhus Kang Wicaksono” semoga bermanfaat bagi kamu semua.