Cerita Pengalaman Pribadi Menemukan Dompet Bahasa Jawa Ngoko -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

08 Agustus, 2015

Cerita Pengalaman Pribadi Menemukan Dompet Bahasa Jawa Ngoko

Loading...

Cerita bahasa jawa ngoko ini merupakan pengalaman pribadi Doni dan Wahyuni yang menemukan dompet di jalan. keduanya menemukan dompet berwarna hitam di tepi jalan ketika mereka hendak pulang sekolah. bagaimana pengalaman Doni dan Wahyuni tersebut dan apa yang mereka lakukan setelah mengetahui isi dompet yang mereka temukan? Langsung saja kita simak pada cerita pengalaman pribadi pribadi menemukan dompet bahasa jawa ngoko di bawah ini.
cerita-pengalaman-pribadi-menemukan-dompet-bahasa-jawa-ngoko

Dina senin sekolahku muleh jam 12 awan, aku sing dina iki ora nggowo pit (sepeda) sengaja ngajak bali bareng Wahyuni sing ugo muleh mlaku sawise sekolah. Aku lan Wahyuni sengojo beli lewat dalan pinggiran sawah supaya ora was-was karo kendaraan sing pada lewat, merga dalan kui sepi lan iyup akeh tanduran ana ing sak kiwa tengene.

Jarak sekolahan karo ngomahku pancene ora adoh, biasane wae aku muleh mung butuh wektu 5 menit yen numpak pit (seperda). Pikir ku yen aku muleh mlaku yo paling ora kesel, tur yo ora suwe ugo, nanging ternyata opo sing tak bayangke beda karo opo sing sak tenane.

Lagi mlaku oleh kurang luwih sekilo aku wis ngos-ngosan lan gegodres keringet. Ngerteni aku kesel Wahyuni banjur ngajak aku seren ana ing bok pinggir kalen kang iyup merga ana wit talok ing sebelahe.
Baca Juga: Pepak Bahasa Jawa Online Lengkap 
Aku nyawang Wahyuni kok katon beda karo aku, aku wis ngroso ngos-ngosan lan kemringet nanging Wahyuni katon tetep sumringah opo mungkin mergo wis dadi kebiasaane Wahyuni  muleh mlaku seko sekolahan (batinku ana ing ati).

Sawise keselku mari aku ngajak Wahyuni kanggo mlaku maneh supaya cepet ketok ngomah. Ora suwene anggonku lan Wahyuni mlaku dumadakan aku wiruh barang neng pinggir ndalan kaya tas cilik warnane ireng. Tanpa ragu banjur aku nyeraki barang kui mau, ternyata barang kui dompet kang kegawe saka kulit lan warnane ireng.

Kelanjutan cerita pengalaman pribadi menemukan dompet bahasa jawa ngoko yang menjadi kisah Doni dan Wahyuni sepulang dari sekolah.

Aku banjur ngomong karo Wahyuni kepiye enake dompet iki? Wahyuni banjur njawab “dibukak wae Don, sopo reti eneng alamat utawa nomer HP ne sing due dadi iso dihubungi”.
cerita-pengalaman-pribadi-bahasa-jawa-ngoko

Banjur aku mbukak byak dompet irung kui mau, ladalah kaget aku! ternyata isine akeh tenan duwit atusan ewon katon abing-abing koyo bar le nyetak wae. Ana ing dompet kui uga ana kertu-kertu termasuk ana KTP utawa Kartu Tanda Penduduk. Saka kertu kui banjur aku lan Wahyuni ngerteni yen sing nduweni dompet kui ora liya yaiku Pak Burhan tangga dusunku sing terkenal dadi juragan sapi, pantes wae yen isine duwit akeh banget.

“iki mesti Pak Burhan bingung nggoleki ana ngendi dompete ilang, mergane kejaba isine duwet ana ugo kertu-kertu kaya KTP cacahe akih, Ana kartu kredit, lan kertu liya mungkin kaya ngene sing diarani ATM ” Batinku. Banjur aku takon wahyuni “Yun kepiye iki apike? Dompete Pak Burhan iki diulehke saiki opo sakwise awake dewe muleh sipek?”
Baca Juga: Cerita Plesir Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2015
Banjur wahyuni njawab “Langsung wae Don, mergane kan Kowe nglewati omahe Pak Burhan to, mampir wae sedelo, mugo wae ana sing neng ngomah”.

“Nanging aku ora wani yen dewe Yun, kecuali tok kancani” Aku ngomong mengkene amergo omahe Wahyuni ana sak wetan saka omahe Pak Burhan sahingga ora nglewati omahe Pak Burhan yen ameh muleh.

Banjur Wahyuni mangsuli “tak kancani Don, tenang wae aku ngko tak melu mlaku ngulon ketuk ngomahe Pak Burhan”

Singkat cerita aku lan Wahyuni ketuk ana ngomahe Pak Burhan kanggo sowan mbalekake dompet sik pada tak temu. Ana ngarepan sing omahe gede magrong-magrong aku karo Wahyuni nyoba ndodok lawang omahe Pak Burhan. Tok...tok...tok Assalmu’alaiku. Ora ana jawaban, bajur Wahyuni genti tok..tok...tok kula nuwun pak! Nanging pada wae ora ana jawaban maneh.

Sawise kui aku nguwaske ana sak kiwa tengene lawang sing tak dodok mbok menawa katon wong ana kiwa tengen kunu. E ladalah ternyata ana saklar bell kanggo tanda yen jeluk-jeluk, banjur aku mencet saklar kui alon-alon. “Ting tung.. Assalamu’alaikum” suara khas saka bell kui mau.
cerita-pengalaman-pribadi-bahasa-jawa-ngoko

Ora suwe saka njero krungu suwara wong mlaku lan mbukake lawang, katon Mbak Bella putrine Pak Burhan sing ana ing ngomah mbukake lawang “we monggo kene do mlebu Don, kancane diajak”.
Ternyata mbak Bella uga kenal aku, nanging ora kenal Wahyuni merga ora tau wiruh. Sawise mlebu lan lungguh ana kursi tamu banjur Wahyuni takon karo mbak Bella, “Mbak Pak Burhane Wonten napa mboten?” banjur mbak Bella njawab “ana lagi wae kundur tak jeluke sipek ditunggu ya”.
Sawise Pak Burhan metu nemoni ana ruang tamu banjur aku matur “Pak Burhan menapa niki leres dompete njenengan” (karo ngetoke dompet saka tas).

“Welah iya, iki dompetku sing gogrok wis tak golak-goleki ora ketemu, lha iki mau aku saka kantor polisi ngurus surat kehilangan, neng ngendi le leh mu do nemoke?” takon pak Burhan.

“Wonten mergi wetan dusun pak, sak kilene buk sing dalane pating gronjal, dituweni rumiyen mbok menawi wonten isine ingkang kirang pak” Jawabku
Baca Juga: Artikel Bahasa Jawa Tentang Budi Pekerti
Ana ing wayah Pak Burhan ngecek isi dompete kartu kredit ugo kartu ATM lan duwit ora ana sing kelong, Mbak Bella bali metu maneh nggowo nampan isine wedang sirup warna orange. Banjur Pak Burhan lan Mbak Bella akon aku lan Wahyuni supaya ngombe wedang kui mau.

“Ayo le do di umbe kui rung ketok ngomah to doen?” Ngendikane Pak Burhan.
Banjur aku lan Wahyuni ngumbe wedang kui mau, hadewh ternyata seger banget sirup gaweane Mbak Bella iki, anyep tur legi mak nyuss pokoke.

Sawise ngumbe aku lan Wahyuni banjur pamit muleh ana ing Pak Burhan, sempet pak burhan ameh wenehi duwet atusan ewon kanggo aku lan Wahyuni nanging tak tolak merga aku mbaleke dompete pak Burhan kanthi ikhlas supaya dadi amal becikku lan uga Wahyuni.

Demikian cerita pengalaman pribadi menemukan dompet bahasa jawa ngoko yang dialami oleh Doni dan Wahyuni semoga dapat memberikan kita semua pelajaran untuk saling membantu sesama sekaligus tanpa pamrih.