Cerita Cekak Katresnan Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

17 Februari, 2015

Cerita Cekak Katresnan Bahasa Jawa

Loading...

kumpulan cerita bahasa jawa. Sugeng siang rencang sedaya. Pada siang ini ada salah satu sahabat yang mencurahkan perasaannya dalam sebuah tulisan tentang cinta. Bagaimana ceritanya dapat kita simak bersama dalam cerita cekak katresnan bahasa jawa di bawah ini.

Selang sadina sawise aku ketemu karo wong sing tak tresnani lan ngerteni yen dheweke tresna karo konco ku dhewe. Saben bengi aku tansah mikirke dheweke sanuli nangis  ana ing njero kamar. Ana saben dongaku aku menagis jero ati sanuli ngucap “duh Gusti aku pancen ora pantes kanggo dheweke ananging aku demen marang dheweke, aku lilo dheweke pacaran karo kanca ku, nanging tulung dheweke cerakna marang aku” 

Ana bengi kuwi dumadakan dheweke sms aku, aku bingung kenapa dheweke sms aku, nuli aku nakoni“awakmu dhemen marang kanca ku po?”, dheweke jawab “iya”, “awakmu arep nomor HP ne  ora,” oh iya kancaku durung paweh nomore HP marang dheweke, aku uga bingung kenapa aku bisa nawani nomore HP kancaku marang slirane, aku nangis wektu menehi nomor HP ne kancaku marang slirane “Duh Gusti ngapa wong sing tak demeni malah demen marang wong liya, aku sedhih ya allah, kenapa kabeh iki kudu kedadean” 

Cerita cekak katresnan bahasa jawa. Sawise kedadean kui saben dina dheweke sms aku terus, ananging pitakone ana ing sms ora nakokake kahananku anamung nakoke kahanan kancaku. Aku serba salah ana ing wektu kui, pengen ora tak balesi ananging aku wedhi yen nglarani dheweke yen tak balesi kenapa aku tambah suwe tambah sedih ngerteni dheweke perhaian banget karo kanacaku.

Sawise komunikasi antara aku ro dheweke sajroneng rong minggu dumadakan dheweke nembak aku, aku ora gelem amergo aku bingung saktemene dheweke demene karo aku utawa kancaku. Dino kui aku mung bisa menagis, terus dheweke sanuli nakoni kenapa aku nangis, nangiing aku ora njawab pitakone. 

Nganti ping 3 dheweke nembak aku, nembe tak tampa, aku ora ngerti apa sing dipikirke dheweke nganti dheweke nembak aku terus-terusan, sajrone seminggu, aku dolan karo dheweke lan ora ngerti ugo merga ngapa aku sengit banget marang tingkahe dheweke, lan bengi kuwi uga aku purik karo dheweke, sakwise kuwi nomore HP dheweke genti lan wis ora sms aku maneh tekan seprene. 
cerita-cekak-katresnan-bahasa-jawa

Duh Gusti aku demen banget marang dheweke, muga-muga dheweke ugo lagi mikirke aku, aku pancen ora sempurna, senajan crita tresnaku lan dheweke ora suwe ananging aku rumangsa beruntung amergo bisa ngrasake apa kui seng jenenge katresnan.

Semoga cerita cekak katresnan bahasa jawa di atas dapat menghibur kita semua.