Cerita Plesiran Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2017 -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

09 Juni, 2015

Cerita Plesiran Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2017

Loading...

Aku ameh nyritakake wayah aku liburan sekolah tahun iki. Seka judul sing wis tak tuliske yaiku cerita plesiran bahasa jawa liburan sekolah 2017 wis katon yen aku ameh crita babagkan plesiran ana ing wayah liburan utawa preinan kenaikan kelas. Crita iki kawitan saka ngomah ketuk panggonan plesir lan sawise plesir. Aku seneng banget nulis crita pengalaman pribadiku iki amerga aku nemoni akeh kahanan kang nyenengake. Para kanca mesti wis pada penasaran to nyimak critaku? Yen ngunu langsung wae bareng-bareng disimak crita pengalaman plesiran nganggo basa jawa ing ngisor iki.

Sawise tompo rapot ing sekolahan lan ngerteni yen aku dadi juara kelas atiku bungah banget. Amergo bisa kasil anggone melu wulangan kenaikan kelas. Kejaba iku aku ugo seneng amergo bapak nate ngendika yen aku bisa dadi juara kelas aku bakal diajak plesir menyang kebun binatang gembira loka ing kota jogja.
Cerita Plesiran Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2015

Singkat cerita, sawise aku nyaoske rapot marang bapak aku dijanjeni ameh diplesirake ana kebun binatang gembiraloka wayah bapak prei nyambut damel. Ora kleru yen dina kui mesti dina minggu. Malem minggu aku wis siap-siap klambi sing arep tak nggo sesuk-esuk menyang plesir. Pada karo aku Ibu ugo katon nyetliko klambine lan kagungane bapak sing dicepake kanggo sesuk-esuk. 

Jam 7 luwih setitik aku, bapak, lan ibu menyang plesir ana kebun binatang gembira loka. Senajan omahku ora adoh ananging wayah preinan iki dalan katon macet merga akeh wong pada menyang plesiran sahingga aku tekan panggonan plesir wis jam setengah songo. Bapak sing wis markirke motor banjur antri ana tiket kanggo tuku tiket saperlu mlebu kebun binatang.

Akeh kedadean sing lucu ana ing kebun binatang, ora aneh yen aku nulis cerita plesiran bahasa jawa liburan sekolah 2017 iki sinambi ngguya-ngguyu mergo kelingan kedadean-kedadean lucu ing dina iki. Mulai saka mlebu kebun binatang noton gajah, jerapah, kidang, kancil, buaya, macan, singo, lan sak panunggalane. Kedadean lucu wektu aku njaluk difoto marang bapak ing ngarep kandang kethek, aku sing biasa selfie yen wis neng ngarep kamera mesti wae lali ro kahanan kiwo tengen ora nggateke yen botol nginumku sing tak dekek neng tas mburu diranggeh kethek saka kandange.

Aku nembe sadar pas wong-wong pada ndeleng marang aku, aku isin campur ngguyu mergo kedadean lucu iki. Sawise kesel anggone mlaku ngubengi kebun binatang aku, bapak, lan ibu banjur seren ana mesjid kanggo sholat dzuhur. Sawise sholat wetengku kroso luwe mergo mau isuk mung sarapan setitik. Bapak sik wis katon sayah banjur ngajak aku lan ibu muleh ngelingi wayah wis jam 13.15, ananging sakdurunge metu seka kebun binatang bapak ngajak aku jajan tumbas soto ing kana.

Sawise mangan soto lan weteng wareg kaya biasane yen kesel aku banjur ngantuk, age-age wae bapak ngajak mantuk lan njupuk motor ana ing parkiran. Aku ora sadar apa sing kedadean ana ing dalan muleh, sak kelinganku aku mbonceng tengah ngerti-ngerti wis tekan peturonku. Berarti sak suwene dalan muleh sing kurang luwih mangan wektu sak jam aku wis turu. Hehe..

Mangkene cerita plesiran bahasa jawa liburan sekolah 2017 sing tak alami. Yen para kanca kepiye critamu kabeh? Mesti ora kalah lucu lan seru ketimbang ceritaku to?