Cerita Kancil, Dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

29 Juli, 2014

Cerita Kancil, Dalam Bahasa Jawa

Loading...

Si Kancil Nyolong Timun

Bagi kamu yang sedang mencari cerita, naskah drama, legenda, cerpen maupun dongeng dalam bahasa jawa dapat menyimak kisah di bawah ini.

Ana salah sijining alas gung liwang liwung urip kewan nduwe aran kancil, dheweke yaiku sak wiji kewan sing cerdik, pinter ugo cerdas.

Amarga cuaca cerah, angin sembribit lan suworo gegodhongan nggawe si kancil dadi ngantuk banjur keturon. Saknalika wektu banjur ana suwara kewan sing rame mlayu-mlayon lan bengok-bengok kang nangekake si kancil.

"yo cepet mlayu.... slametake awakmu ana musibah teka...!!!!" suwara kewan liya mbengok-bengok panik, si kancil banjur kaget, kancil krungu suwara kuwi tambah suwe tambah nyedhak, banjur kancil ndeleng wedhus lan pitakon kancil nang si wedhus
"hae wedhus... ana apa kowe mlayu-mlayu mangkono?"
jawab wedhus "ana kobongan alas cil... ayo cepet mlayu nggoleki panggon sing aman".
Kancil tanpa mikir dawa terus mlayu bauanter lan ndhikiki rombongan kewan sing mlayu luwih dhisik. sakwise mlayu banter, prasangkan kancil ora enak banjur mandheg sadhela nuli mbatin
"Lho... ana ngendi kewan-kewan sing liya..??"
jebulna kancil wis mlayu adoh banget lan paling adoh saka musibah nganti mlebu daerah sing ora dikenal saka kancil
"wah... aku saiki ana neng daerah endi ya... aku kok ora kenal daerah iki... "
karo rai lesu lan ambekan menggeh-menggeh akhire kancil ngaso. sakwise ilang rasa kesele, kancil mlaku-mlaku kanggo ndeleng situasi neng sekeliling daerah sing ora dikenali kuwi.
Ora suwe kancil banjur krungu "krucuk... krucuk... krucuk..." kancil banjur mandheg lan ngrungokake karo teliti, jebulna suwara kuwi asale saka weteng sikancil. si kancil bingung
"ow.. jebulna kuwi suwara saka wetengku, wah.. aku kudu golek pangan iki..." si kancil banjur  nggolek pangan, ora sue akhire si kancil ketok neng pinggir alas.

neng pinggir alas kuwi matane kancil mendelik karo mbatin
"wow...!!!!!"
Jebulna kancil ndeleng siji tegal kang ana tanaman sayur mayur sing ijo lan segar. cepet kancil nyedhak ana tegalan kuwi, tambah nyedhak kancil ndeleng ana siji tanduran kesenengane yaiku timun,
"Wah.. sik tak karepake ana nagrepku.." Batin kancil neng jero ati.
karo rai lesu lan weteng keroncongan kancil cepet-cepet njupuk panganan,
"Huh.... enak e....!!!" tembung kancil karo mengelus wetenge sing wareg.
sakwise wareg si kancil nggoleki panggon sing aman kanggo ngeyup, amarga awan kuwi panas lan angin sembribit, akhire kancil keturon neng pinggir tegalan.

ora suwe banjur ana pak tani panduwe tegal sayur lan tegal mentimun kuwi teka nuli ndeleng egale berantakan
"wah... tegalku kok berantakan ngene.. sapa sing nlakoke mangkene? mesti iki ana kewan sing ngrusak tanduranku"
pak tani terus ngubengi tegale sing rusak karo ngomong
"awas ya... arep tak basmi sapa sing ngrusak tanduranku.."
Ana wektu kuwi kancil ketangi saka turune, saka panggon kui kancil wiruh ana manusia sing dhuwur gedhe nduwe rai garang
"Wuih... sapa kuwi? wong kok katon kejem buanget... wow.. wedi...!!!"
kancil terus wae nggatekake pak tani lan nunggu pak tani lunga
"kok suwe ya... pak tani kok ora lunga-lunga... aku wis ketagian pengen pangan buah kesenenganku je.."
Dina soyo sore, pak tani mungkur tegale menyang muleh omah. Ketok  ngomah pak tani nggawe boneka saka gambut sing madhani manusia kanggo pasangan neng tengah tegale.
sementara pak tani mungkur tegale kancil nekani tegal karo rai sing cukup bungah amarga panganan kesenengani wis siap dipangan meneh.
"Kriuk.. kriuk.. kriuk.." suwara kancil mangan ketimun, sakwise wareg kancil mungkur tegal lan nggoleki panggon kanggo leren.
lan... wengine pak tani teka menyang tegal nggawa boneka sing digae mau sore, pak tani ndelehke boneka ana neng tengah tegal kuwi lan neng sekitar boneka kuwi ana siji jebakan kurungan kanggo nangkep kewan sing ngrusak tandurane. sakwise kepasang bonekane, pak tani mulih lan leren ana omahe.
esuk wis teka, matahari sing abang wis kedelok, suwara manuk-manuk lan kewan liya saut-sautan nangekake si kancil saka impi sing becik ing tegal mentimun
"Huam... jebulna wis esuk...!!! olahraga dhisik ah... ben seger, ben lemas otot-ototku".
sabaene kancil dhemen olahraga sakwise tangi turu lan nglemeske otot sing kaku ben bali luwih segar meneh. 
sakwise sawentoro wektu banjur kancil mlaku-mlaku, kancil rumangsa ngelih.. lan bali meneh menyang tegal pak tani kanggo nggoleki pangan.
sakwise ameh teka tegalan, kancil mandheg sadhela nuli kaget....!!!
"sapa kuwi? kuwi dudu pak tani sing wingi.. ah.. tunggu dhisik nganti ora ana wong.."
akhire si kancil nunggu kanggo nunda sarapan esuke. wis suwe pisan kancil nuggu jebulna pak tani kok tetap ana neng tegal "tumben ki pak tani neng tegal krasan banget.. " sikancil mbatin ing jero ati.

cerita-kancil-bahasa-jawa
Sakwise sue buanget si kancil nunggu paktani lunga, jebulna tetap wae pak tani ora lunga-lunga akhire si kancil ora kuwawa meneh lan sikancil mlebu neng tegalan.
"ah... mangsa bodhoa kabeneran pak tani ora lunga-lunga, daripada mati ngelih aku, tekani wae pak tani sisan njaluk apura... sapa ngerti mengko sakwise njaluk ngapura aku diwenehi mentimun sak tegal iki hahahaha..." kancil lagi berhayal sajake.
Kancil mlaku lan nyedhaki boneka pak tani, kancil nyeluk pak tani karo suwara sing atos
"pak tani.... "
kancil bingung,
"pak tani kok meneng wae ya... apa pak tani nesu karo aku amarga wingi wis maling timune.."
celuk meneh padha kancil "pak tani..." kancil bengong meneh "wah iya.. aku ameh njaluk ngapura wae" kancil mbatin ing jero ati.
akhire kancil njaluk apura nang pak tani "pak tani.. aku njaluk ngapura wis maling lan ngrusak tanduran pak tani," si kancil bingung meneh.. ing njero ati mbatin
"pak tani kok meneng wae ya..."
anggepan kancil pak tani wis ngapurakne gawene kuwi, akhire kancil pitakon nang pak tani
"pak tani aku oleh ya njupuke meneh aku mau durung sarapan.." kancil bingung meneh lan ngudarasa "pak tani kok meneng ya... brarti pak tani ngolehake pangan tandurane ora pangan" lan si kancil nyaka tan kiwa lan akhire ndeleng tumpukan timun lan celathu meneh ing njero ati
"wah jebulna pak tani wis ngapurakne, buktine aku wis neng cerake panganan sing segar kanggo aku ... wah... cocok pisan karo hayalanku.."
ora suwe banjur weteng si kancil tambah suwe tambah keroncongan, karo bungah lan ora sabar kancil banjur nyedak tumpukan timun lan buah-buah segar, oh.. jebulna si kancil ora ngerti yen kuwi jebakan.
karo kesusu kancil teka menyang jebakan pak tani, amarga ora ati-ati si kancil ngliwati tali jebakan dadine si kancil mlebu njero kurungan jebakan pak tani.
"tulung... tulung... tulung..." kancil terus bengak-bengok njaluk tulung, ora ana sing bisa nulung kancil.
Nganti tekane sore pak tani teka kanggo ndeleng jebakane. karo rai sing mangkel
"oh.. iki jebulna sing ngrusak tanduranku lan maling timunku, apike mengko bengi kowe areptak  dadekne lawuh sing enak" kancil wedi lan mbengok "apura... apura... apura... aku aja di dadekne lawuh maem mu pak tani.. mesakno aku.. aku ana kene mung sebatang kara..."
Si kancil akhire nggetuni tumindak e kuwi lan dheweke kapok karo tumindake,
pak tani tanpa welas nggawa mulih si kancil.
Sakwise cedak omahe, pak tani leren. Ana wektu leren si kancil diselehake ana cedhak wedhus duwe e pak tani. kancil rumangsa wedi lan resah amarga dheweke arep tamat riwayate. akhire kancil mikir lan ngotak atik pikiran
"kepriye ya bisa metu saka kurungan iki?"
ora suwe banjur kancil ndeleng wedhus duwek e pak tani, lagi mlaku-mlaku neng sekitar omah pak tani lan diceluk wedhus kuwi saka kancil "woe.. dhus.." si wedhus mandheg lan njawab "Heh.. kowe sapa? aku kok anyar ndeleng kowe ana kene?"
jawab kancil "aku kancil... aku pancen anyar teka dikene"
wedhus pitakon meneh "ana apa kowe ana kene?"
kancil njawab "hey.. wedhus yo rene alon-alon aja atos-atos omonge"
wedhus akhire nekani si kancil "ana apa cil?"
si kancil njawab "ngene critane.. mengko bengi ana acara sing linuwih dhus.."
wedhus celathu "acara linuwih kepriye cil?"
si kancil ngomong "lho.. apa kowe ora ngerti? mengko bengi aku arep di ajak pak tani kanggo nekani siji pesta sing meriah, sing aku ora gelem sabenere, yen kowe gelem aku bisa kandha nang pak tani ben kowe sing gumantekne aku lan aku gelem gumantekne kowe njaga omah, kepriye miturut kowe?"
si wedhus mikir lan celathu "ah.. kowe mesti goroh, seumur-umur aku ana kene ora tau diajak pak tani lunga menyang pesta tapi kowe anyar ana kene wae wis diajak lunga menyang pesta"
si kancil "lha.. mula saka kuwi mumpung aku ora gelem, kowe gentekne wae aku, mengko aku arep kandha marang pak tani, aku kan kanca cedhak pak tani"
akhire si wedus kepangan bujuk rayu kancil
tembung si wedhus "becika.. ning kepriye carane cil..."
si kancil "ngene kowe bukak lawang kurungan saka ngarep, wektu bukak aku arep metu lan aku cepet mlebu jero kurungan iki"
si wedhus "ok.. aku paham cil pangarahmu , ayo awake dhewe lakoke.."
akhire asu nglakoke intrupsi saka kancil lan akhire kurungan dibukak lan cepet si kancil metu lan si wedus gumantekne posisi si kancil.
si kancil "ok.. apik banget iki, oh ya dhus, kowe tunggu sedhela ana kene ya? aku arep lunga memoni pak tani lan arep kandha menawa kowe jaga gumantekne aku"
wedhus "ok cil.. aja suwe-suwe soalnya aku wis ora sabar meneh kanggo lungo ana pesta"
si kancil "iya.. nyante wae.."
akhire kancil lunga mungkur wedhus ana jero kurungan lan ora bali meneh, seko kedaden kuwi kancil eling menawa kabeh sing dudu duwene ora berhak dheweke duweni.
Artikel di atas merupakan dongeng si kancil dalam bahasa jawa. Semoga dari cerita di atas dapat dipetik hikmah yang menjadikan kita semua lebih baik dari sebelumnya. Diterjemahkan dan dimodifikasi sesuai kebutuhan dari Bukuampuh.blogspot.com