Cerita Rakyat Aji Saka Dadi Raja Medang Kamula Dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

18 Februari, 2015

Cerita Rakyat Aji Saka Dadi Raja Medang Kamula Dalam Bahasa Jawa

Loading...

Kumpulan cerita bahasa jawa. Sugeng enjing rencang sedaya, dalam kesempatan ini kami akan bercerita mengenai cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa yang mengisahkan tentang kesaktian seorang pemuda dan keberhasilan nya mengalahkan penguasa yang kejam. Seperti apa kisahnya langsung saja kita simak cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa di bawah ini.

Ing sawijining jaman, ana siji kerajan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni raja kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa. Saben dina Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan kui ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng menyang daerah liya. 

Ing dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi digebugi dening grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulna pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah Aji Saka mangkat menyang Medang Kamulan. 

Dalan nuju Medang Kamulan pancen ora mulus, Aji Saka sempet perang sajrone pitung dina pitung bengi karo setan panunggu alas, amarga Aji Saka nolak didadekne budak saka setan panunggu sajrone sapuluh taun sadurung diolehakekne ngliwati alas kuwi. 

Nanging merga kesektiane, Aji Saka bisa ngendha saka semburan geni si setan lan sawektu sakwise Aji Saka ndedonga, dumadakan ana sinar kuning cemlorot saka langit nibani setan penghuni alas lan anggawe para setan ilang. 

cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa Singkat cerito Aji Saka dugi datheng Medang Kamulan sing katon sepi. Ing keraton, Prabu Dewata Cengkar lagi nesu amarga Patih Jugul Enom ora nggawa tumbal menungsa kanggo sang Prabu. 

Sawisi dugi dening keraton Medang Kamulang Aji Saka ngadhep Prabu Dewata Cengkar lan nawarake piyambake supaya dipangan dening sang Prabu kanthi opah lemah sa’amba serban sing digunakne dheweke. 

Wektu dekne kabeh lagi ngukur lemah kaya panjaluke Aji Saka, dumadakan serban kang sakdurunge dienggo ana sirah Aji Saka terus melar dawa nganti ambane ngluwihi amba saka tlatah kerajan Prabu Dewata Cengkar. Prabu nesu sakwise ngerteni niat Aji Saka sayekti yaiku kanggo mungkasani kekejemane. 

Sawektu Prabu Dewata Cengkar lagi nesu, serban Aji Saka njiret ing awak sang Prabu. Banjur awak Prabu Dewata Cengkar diuncalna Aji Saka lan tiba ana segara kidul banjur ilang digulung ombak. 
Aji Saka banjur dinobatkan dadi raja Medang Kamulan. Piyambake mboyong bapake angkat menyang keraton. Mego pamerentahan kang adil lan wicaksana, Aji Saka bisa ndadekna kerajan Medang Kamulan dening jaman paling makmur, jaman kang para rakyat urip tenang, tentram, makmur lan raharja.

Dari kisah cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa diatas dapat kita ambil pelajaran bahwa seorang pemimpin seharusnya memimpin dengan bijaksana dan mementingkan kepentingan rakyat di atas kepentingan pribadi. Semoga bermanfaat.
cerita-rakyat-jawa-tengah-dalam-bahasa-jawa