Fabel Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

26 April, 2015

Fabel Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng enjing sedulur semua, menanggapi request dari para pembaca mengenai fabel bahasa jawa maka halaman fabel bahasa jawa kethek lan pitik ini dimuat. Semoga dapat memberi gambaran bagi teman-teman semua mengenai contoh fabel dengan bahasa jawa. Kisah ini juga bisa kita jadikan sebagai contoh untuk membuat dongeng, cerita rakyat, legenda, maupun sekedar untuk pengetahuan umum terkait dengan bahasa jawa. Selamat menyimak.

Fabel Bahasa Jawa, Kethek, Pitik, lan Yuyu

Ing jaman ndisik, ana satunggaling pitik kang kekancan karo kethek. Ananging paseduluran kuwi ora awet suwe amarga kelakuan si kethek. Sawijining dina kethek ngejak pitik mlaku-mlaku sinambi golek pangan. Nganti wayah srengenge angslep ana ing kulon loro kewan kui mau durung ugo nemu pangan kang bisa maregake wetenge. Dumadakan tanpa disangka lan dinyana kethek kang wis kadung ngeleh duwe pikiran elek marang kancane yaiku si pitik. Tanpa rasa mesakake kethek nyekel si pithik lan mbubuti wulune kanthi niat arep mangan mbakar pithik kanggo mangan wengi iku.
fabel-bahasa-jawa

Ananging mergo pitik terus-terusan usaha kanggo lolosake awake akhire deweke bisa ucul saka si kethek. Pitik banjur mlayu nganti tumeka sawijining pinggir segara kang dipanggoni sawijining yuyu sing ora liya ugo dadi kancane si pitik. Ana ing panggonan kui pitik  cerita marang yuyu:

Pitik         : hei Yuyu kancaku, tulungono aku, aku lagi diuber karo kethek sing arep mangan aku.
Yuyu : orasah kuwatir kancaku, aku bakal nyelametke awakmu saka kethek kang ora reti arti kekancan kui mau. Aku bakal weneh pelajaran supaya kethek kui mau ora wani maneh ganggu awakmu.(fabel bahasa jawa)

Sawise kahanan lerem, pitik lan yuyu ngatur siasat kanggo weneh pelajaran marang kethek mau. Yuyu due ide nggawe perahu saka lemah lendut kanggo nyeberang ana ing pulau sacerak e segara kui. Sawisi perahu kang digawe kui dadi banjur pitik lan yuyu ngundang kethek kanggo nyebrang bareng ana ing pulau sacerake kanggo golek pangan. 

Mergo kahanan ora ana pangan ing sakiwo tengene panggonan kui banjur kethek langsung wae nyaguhi ajakane pitik kanggo menyang pulau saberang.

Sawise prahu mlaku ana ing tengah segara banjur pitik mau kluruk sinambi notol prahu kang pada di tumpake kui mau. Alon-alon prahu kang digawe saka lemah lendut kui mau otomatis bocor lan banyu mlebu ing prahu. Ora bisa ditahan maneh prahu kang pada ditumpaki kui mau ambles ing segara.
fabel-bahasa-jawa-kehtek-pitik-lan-yuyu

Pitik kang wis siap lan ngencanakake kedadean kui kanthi siap langsung mabur ing darat, yuyu kang ugo wis siap kedadean kui banjur nglangi ing dasar segara, sawentara kethek kang jahat lan ora reti arti kekancan kui mau amung bisa tulung-tulung lan angslep amerga ora bisa nglangi. Singkat cerita kethek kui mau mati glagepen ing tengah segara.

Saka fabel bahasa jawa ana ing nduwur kui mau bisa kita jupuk pelajaran yen wong kekancan kudu apik marang sepada-pada. Amerga kita ora mangerteni kapan kita ugo butuh kanca sepada-pada. Semoga dapat memberikan pelajaran bagi kita semua.