Asal Mula Danau Toba -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

03 Agustus, 2014

Asal Mula Danau Toba

Loading...

Cerita rakyat dalam bahasa jawa. Neng Sumatera lor ana dano sing gedhe banget lan ana tengah-tengah dano kesebut ana pulau. Dano kuwi nduwe jeneng dano Toba ewodene pulau ana tengahe karan Pulau Samosir.

Neng siji desa ana wilayah Sumatera, urip sawong petani. dheweke sawong petani sing sregep tandhang gawe garap lemah pertaniane sing ora amba. dheweke bisa nyukupi kebutuhane saka hasil kerjane sing ora kenal kesel.

Sabenere umure wis cukup kanggo rabi, nanging dheweke tetap mileh urip dhewean. Ana sawijining esuk sing cerah, petani kuwi mancing iwak neng kali.

“muga-muga dina iki aku oleh iwak sing gedhe,” batin petani kesebut ana jero ati.
Ora suww sakwise pancinge diuncalke, cingire kedelok obah-obah. Dheweke cepet nggeret pancinge. Petani kuwi mbengok seneng sakwise oleh iwak sing cukup gedhe.

Dheweke gumun ndeleng werna sisik iwak sing apik. Sisik iwak kuwi arupa kuning emas kabang-abangan. Kapindho matane bunder lan metu mancarke werna sing gae gumun.
“tunggu, aku aja dipangan! aku gelem ngancani kowe nek ora tok dadeke lawuh.”

Petani kesebut kaget krungu suwara saka iwak kuwi. amarga kaget, iwak sing kepancing iku tiba ana lemah. Banjur ora suwe, iwak kuwi ngowah wujud dadi sawong prawan sing ayu buanget.
“opo aku ngimpi?,” kondo petani.

“aja wedi pak, aku uga manusia kaya kowe. aku ngutang budi marang sampean amarga wis nylametake aku saka kutukane Dewata,” tembung prawan kuwi.

“jenengku Puteri, aku ora kabotan kanggo dadi bojomu ,” tembung prawan kuwi koyo endesek petani iku.
Petani kuwi banjur manggut-manggut. mula dadia dekne kabeh bebojoan.
Ning, ana siji janji sing wis disepakati, yaiku dekne kabeh ora oleh nyeritoke menawa asal-usul Puteri saka iwak. Nek janji kuwi dilanggar jare bakal kedadean petaka dahsyat.

Sakwise nganti neng desane, para warga desa gempar ndeleng prawan ayu bareng petani kesebut.
“dheweke kaya bidadari sing mudhun saka langit,” Kondo dekne kabeh.

Petani rumangsa seneng banget lan tenteram. Dadi bojo sing becik, dheweke terus tandhang gawe kanggo nggoleke pangan lan garap sawah ugo tegale kanti tlaten lan ulet.
Amarga ketlatenane lan keuletane, petani kuwi urip tanpa kekurangan. akeh wong iri, lan dekne kabeh nyebarke fitnah sing bisa nglarani si petani.

“aku ngerti Petani kuwi mesti ngingu lelembut! ” tembung wong marang kancane.
Isu kuwi nganti krungu neng kuping Petani lan Puteri. Nanging dekne kabeh ora rumangsa tersinggung, malah-malah tambah sregep le pada tandhang gawe.

Setaun kapungkur, gembiran Petani lan bojone nambah, amarga bojo Petani bayen bayi lanang. Dheweke diwenehi jeneng Putera. Kebahagiaan dekne kabeh ora nggawe dekne kabeh lali awak. Putera tuwuh dadi sawong anak sing waras lan kuwat. Dheweke dadi anak ndenakake nanging radha mbeling.

Sheweke nduweni kebiyasan sing nggawe heran wong tuwane, yaiku sanuli rumangsa ngelih. panganan sing kudune dipangan wong telu bisa entek dipangan dhewe.

Suwe-suwe Putera sanuli nggawe jengkel bapaken. Yen dikongkon ngewangi pagawean wong tuwa, dheweke nolak.

Bojo Petani banjur ngelingna Petani supaya sabar marang ulah anake dewe.
“ya, aku arep sabar, senajan kepriyea dheweke kuwi anak ku ugo!” tembung Petani marang bojone. “Syukurlah, yen kangmas due pikiran mangkono.” kanda Puteri  marang bojone.

Njak tembung manungso, kesabaran kuwi ana watese. Ukoro iki ugo dialami Petani kuwi. Ana sijining dina, Putera dikongkon kirim panganan lan wedang menyang sawah ana bapake lagi tandhang gawe.

cerita-rakyat-versi-bahasa-jawa
Nanging Putera ora ngaksanake tugase. Petani nunggu tekane anake, karo ngumpet ngelak lan ngelih. Dheweke banjur mulih menyang omah. Neng deloke Putera lagi dolanan karo konco-kancane. Petani dadi nesu karo menjewer kuping anake.

“anak ora reti gawean! ora ngerti awak! Dasar anak iwak !,” umpat si Petani tanpa eling wis ngucapke tembung pantangan kuwi.

Sakwise petani mengucapkan tembung iku, saknalika kuwi uga anak lan bojone ilang. Tanpa bekas lan jejak. Saka bekas pidakan sikile, dumadakan nyemprot banyu sing banter banget lan tambah buanter.

Desa Petani lan desa sekitare banjur kelelep kabeh. Banyu mbludak dhuwur banget lan amba dadi mbentuk telaga. Tlaga iku akhire dikenal karo jeneng Dano Toba. Pulau cilik neng tengahe dikenal karo jeneng Pulau Samosir.

Demikian cerita dalam bahasa jawa, asal usul dano toba. Semoga cerita rakyat versi bahasa jawa di atas dapat kamu jadikan sebagai pelajaran dan ilmu tambahan baik dalam mendongeng, maupun bercerita kepada sesama.
Baca Juga:
1. Cerita Rakyat Kali Gajah Wong
2. Malin Kundang Versi Bahasa Jawa
3. Dongeng Si Kancing
4. Cerita Wayang dalam Bahasa Jawa