Legenda Gunung Bromo Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

23 Februari, 2015

Legenda Gunung Bromo Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng ndalu rencang sedaya, mbengi iki aku kelingan gek jaman cilik dicritani legenda gunung bromo bahasa jawa wektu simbah durung seda. Kaya apa critane ing ngisor iki tak tuliske kanti sederhana. Yen ana salah utawa kleru saka tulisan iki tulung pada dingapura ya lur.

Jaman dhisik ing sawijining dusun ana pasangan manten anyar kang tasih enem. Ora suwe anggone omah-omah banjur pada nduweni anak wadon. Anehe bayi wadon iki saknalika dilairke ora nangis, kedadean iki nggawe wong tuwane menehine jeneng: Roro Anteng sing nduwe arti wadon sing tenang utawa meneng. 

Wayaha nuli Roro Anteng tuwuh dadi prawan sing ayu nganti dikenal neng kalangan para jaka wektu kuwi. Ora kajaba sawong sekti mandraguna kang nduwe jeneng Kiai Bima. Paitan kasektene Kiai Bima nekani Roro Anteng kanggo nglamar sinambi ngancem. Lamaran kesebut kudu katampa, nek ora dheweke arep nggawe dusune ajur. 

Crito ana ing legenda gunung bromo bahasa jawa Saktemene Roro Anteng rumangsa abot nrima lamaran kesebut. Ananging, dheweke kepeksa nrima kanggo nylametake dusune dheweke. Ana ing ati dheweke nduweni rencana kanggo nggagalke lamaran Kiai Bima. Roro Anteng menehi sarat marang Kiai Bima nek pengen lamarane dheweke katampa mula Kiai Bima kudu nggaweke tlaga kanti dileksanakake sajroning sewengi. 
ilustrasi-animasi-legenda-gunung-bromo-bahasa-jawa

Amarga ora pengen kelangan Roro Anteng, Kiai Bima nyaguhi sarat kang dijaluk Roro Anteng. Lucune Kiai Bima mulai nggawe tlaga kanti paitan batok kambil kanggo ngeruk lemah. Merga kasektene amung kanthi wayah singkat, tlaga wis katon arep rampung. Roro Anteng sing wis ngrencanakake banjur njaluk wong-wong dusun kanggo nggebug-nggebug alu supaya kaya-kaya dina wis mulai esuk lan pitik podo kluruk. 

Saknalika Kiai Bima kelingan nek awake ora bisa nutugake sarat saka Roro Anteng. Atine sing mangkel lan kesel banjur mbanting batok kambil sing digunakake ngeruk lemah. Sakwise kui Kiai Bima banjur enggal lunga saka panggonan mau. Ananging batok kambile kang dibanting Kiai Bima mau banjur dadi gunung Batok sing manggon neng sisih gunung Bromo lan ugo bekas kedukane dadi Segara Wedi sing bisa didelok nganti wektu iki lan sering ugo disebut segaran wedi. 

Singkat cerita legenda gunung bromo bahasa jawa Roro Anteng banjur ketemu jodone yaiku Joko Seger banjur bebrayan. Sajrone tetaunan dheweke rabi karo Joko Seger nanging durung anduweni momongan. Akhire Joko Seger ndedonga marang Gusti Allah supaya enggal dipun paringi momongan. Singkat crito donga Joko Seger kui mau diijabah dening Gusti Allah. Roro Anteng lan Joko Seger banjur keparingan momongan pirang-pirang. 
klik kanggo nyimak legenda banyuwangi