Tembang Macapat Maskumambang -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

26 Februari, 2015

Tembang Macapat Maskumambang

Loading...

Tembang macapat maskumambang njih punika tembang kang ndadosake pralambang wayah tiyang jaler nginjak diwasa. Minangka saka cilik temuju dadi tiyang jaler ingkang diwasa punika biasanipun angraosaken wayah anduweni angen-angen kagem urip bebrayan kalian tiyang istri kang dados idaman wonten ing manahipun.

Pramilo saking punika biasanipun tembang macapat maskumambang pun tembangaken dening tiyang jaler. Kados menapa kelajengan metrum sah tuladha saking tembang punika sagit kita tingali wonten ngandap menika.

Ewosemanten sifat saking tembang punika nun injih anggadahi sifat kang sedhih, ngenes, ugo nelongsa. Ciri saking macapat njih punika anggadahi patang (4) gatra (baris) kagem saben-saben baitipun.

Contoh maskumambang saget kita tingali wonten ngandap punika.

Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Mayang rarah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah

Dening wonten tembang macapat maskumambang punika anggadahi tuladha: dadi anak supaya ngurmati marang wong tuwa lan ojo pisan-pisan wani marang wong tuwa.