Pawarta Basa Jawa Kobongan -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

01 Maret, 2015

Pawarta Basa Jawa Kobongan

Loading...

Pamirso pawarta basa jawa, Kiro-kiro sekitar sepuluh hektar alas wek e dinas perhutani ana ing kabupaten probolinggo jawa timur kobong. Geni dibedik asale saka tangan gratil manungsa sing mbuwang tegesan rokok ana sekitar alas. Para petugas kangelan mateni geni sing terus mrembet saka gegodongan sing pada garing ana sekitar kiwo-tengen alas. Sebulan angin kang banter ugo nggawe rekasanig petugas anggone mateni geni.

Lokasi kobongan ing bukit andadeke petugas rekoso anggone gole banyu kanggo nyiram geni. Petugas dibantu para warga sekitar mung bisa ngupayake mateni geni nganggo godong lan pang-pang teles kanthi di gebuk-gebuke. Usaha iki ameh wae kasil anangin angin kang banter kang bali nyebul meneh ndadeke mawa sing wis kari kebulan kobong maneh mulat-mulat.
pawarta-basa-jawa

Para pamirsa pawarta basa jawa, Mergo kobongan iki diperkirake dinas perhutani kabupaten probolinggo kelangan sekita 10 hektar alas saka total 80 hektar ombone. 

Jari Parto polisi alas kunu, meh saben tahun khususe wayah ketigo alas bukit bentar mesti kobongan. Kobongan iki diperkirake saka ulah tangane manungsa yaiki cah-cah enom sing pada mbedil manuk mbuwang tegesan rokok ana alas siseh wetan.
pawarta-basa-jawa

Sawise tegesan iku ditinggal mlaku dumadakan angin kang banter teko banjur ndadeke godong-godong garing pada kobong mergo tegesan mau. Geni terus mrambat saka godong lan pang-pang garing nganti tekan siseh kulon kang banjur angel dikendalekno.

Durung eneng prakiran saka dinas perhutani piro jumlah kerugian mergo kedadean iki. Para petugas ugo iseh katon ngupayake kanggo madamke geni ana ini alas bukit bentar. (Sebtu, 28/2/15) Para pamirso mangkene pawarta basa jawa kobongan ditulisake.