Pawarta Basa Jawa, Aplikasi Aksara Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

01 Maret, 2015

Pawarta Basa Jawa, Aplikasi Aksara Jawa

Loading...

Katuraken pawarta basa jawa, para pamirso aksara jawa ngrupikaken salah satunggal warisan budaya leluhur ingkang badhe punah yen mboten dipunpelajari. Kanggo nyegah kepunahan aksara jawa, pamerentah Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) ngluncurake Aplikasi pasinaon waca tulis lan Game Aksara Jawa Berbasis Mobile Lintas Platform kanggo mengeti dina guru. 

Gubernur DIY Sri Sultan Hamengkubuwono X resmi nglaunching aplikasi 'Hanacaraka', aplikasi sinau waca tulis lan Game Aksara Jawa Berbasis Mobile Lintas Platform ing Hotel Grand Pacific Hall, Yogyakarta.

"Ana rongatus seket (250) basa lokal neng Indonesia klebu Jawa terancam punah, kanthi anane aplikasi iki dikarepke aksara jawa ora gampang punah. Generasi saiki bisa sinau saka aji adiluhung kanthi wujud karya seni menika," atur Sultan. 

Sultan masteni, aplikasi iki isih ana kekurangane senajan wis ngebaki rong puluh (20) aksara Jawa. Amerga, aplikasi iki durung ana angka Jawa. Aksara Jawa yaiku Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La, Pa Dha Ja yane, Ma Ga Ba Tha Nga 
pawarta-basa-jawa-aksara-jawa

"kuwi kan kanggo pasinaon nanging ya isih kurang. Angka aksara jawa 1-0 durung ana, ya kudu ditambah," ngendikan piyambake. 

Singgih Raharjo saking Balai Tekkomdik DIY ngaturake, panggunan smartphone wis kelumrah digunakne ana masyarakat jogja. Mergo kui Balai Tekkomdik DIY ngrancang program sinau aksara Jawa iki. Aplikasi iki kalebu edisi kapindho sakwise edisi pisan wis digawe 2 taun kepungkur. Para pamirso pawarta basa jawa, Aplikasi iki bisa diunduh neng Play Store kanggo Android lan App Store kanggo iOS/iPhone. Neng edisi pisan Hanacaraka aplikasi iki wis diunduh limangewu (5.000) pengguna. 
pangandikan-gubernur-diy-wonten-berita-basa-jawa

"Ana 5 konten kang utama, yakni Selayang Padang, sinau Aksara Jawa, Game, Bantuan, lan babagan Aplikasi. Android bisa nggunduh neng play store yen Apple nunggu telu (3) nganti patang (4) dina meneh nunggu review saka dekne kabeh," ngendikan piyambake.

Sementara kuwi Ahmad Kamal saka SD Muhammadiyah Bantul ngaku seneng sinau nganggo aplikasi iki. Sinau nggunakne aplikasi iki luwih gampang tinimbang nggunakne buku. 
"isa latihan kecerdasan lan sinau basa Jawa yen neng sekolah sinaune liwat buku. luwih enak liwat iki,"  tembung Singgih.

Para pamirso, pawartos aplikasi aksara jawa kala wau mungkasi pawarta basa jawa wonten sonten menika, dene pawartos candakipun saget panjenengan tingali malih wonten dinten engkang sanes. Matur suwun.