Naskah Drama Bahasa Jawa Persahabatan Menjenguk Teman Sakit (6 Orang) -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

12 Agustus, 2015

Naskah Drama Bahasa Jawa Persahabatan Menjenguk Teman Sakit (6 Orang)

Loading...

Sugeng ndalu kanca sedaya, naskah drama bahasa jawa persahabatan menjenguk teman sakit di bawah ini merupakan contoh sebuah drama menggunakan bahasa jawa ngoko bercampur krama. Dalam cerita ini diperlukan 6 orang yang masing-masing 5 orang berperan sebagai anak sekolah dan 1 orang berperan sebagai orang tua. Secara lebih terperinci peran masing-masing tokoh dapat kita simak di bawah ini.

Drama iki dimainke ana ing sekolahan, ewodene tokoh kang ana cerita iki yaiki Iwan, Maria, Galih, Rudi, lan Erlin kang meranake dadi bocah sekolah sing duweni ikatan persahabatan. Oh iya ana maneh 1 tokoh meranake dadi Ibune Ainun. Total tokoh ana 6 orang.
ilustrasi-kantin-sekolah-dalam-naskah-drama-bahasa-jawa-persahabatan

Sawise Ainun ora mlebu sekolah 3 dina merga lara demam Iwan lan Maria pengen njenguk utawa nileki Ainun ana ngomahe kanggo ngaruhke kepiye kesehatane. Ana sekolah wayah istirahat Iwan lan Maria nggoleki Galih lan Rudi sing ana beda kelas kanggo ngomongke kepiye apike.

Iwan         : “Rudi, Galih, aku ro Maria duwe perlu e ro siro kabeh”.

Rudi : “Kepiye wan? Ngobrol neng kene opo neng kantin karo jajan es teh?”

Maria : “Ro neng kantin wae yuh, lagian aku mau yo rung sarapan, dadi isoh sisan karo jajan soto”.

Galih : “Ok ayo gek capcus ndak gelak kebak kursine kantin”.

Sawise cah 4 kui ketemu banjur pada mlaku mangkat ana kantin sekolahan. Ana kantin iku banjur cah 4 pada rembugkan babagkan Ainun sing lagi kurang sehat. (di bawah ini naskah drama bahasa jawa selanjutnya)
Baca Juga: Cerkak Bahasa Jawa Hari Pertama Masuk Sekolah
Maria : Kanca-kanca aku mau bengi ki smsan karo Ainun nakoke kepiye kahanane wis bisa mari lan mangkat sekolah durung dina iki, meu bengi sih muni wis mari sesuk ameh mangkat sekolah tapi kok iki mau rung mangkat yo bocahe?

Rudi : Berarti wis 3 dina iki ya Ainun ra mangkat sekolah, kepiye yen awake dewe pada moro neng ngomahe Ainun ngko muleh sekolah nggo ngaruhke kahanane?

Iwan : Lha mergo kui ugo iki Maria ngajak aku nggoleki siro kanggo ngajak supaya melu tilik Ainun. Yen awakmu piye leh iso opo ora?

Galih : Aku sih siap wae wan, tapi aku mampir ngomah sik mengko, durung pamit ibu ku j mau.

Maria : OK rapapa yen ngunu saiki awake dewe putuske wae kepiye nggo nukokake panganan opo buah lah. Piye Rud iuran piro-piro? Awakmu kan biasane sangune akeh hehee.

Rudi : Lha awakmu pada sangu piro? Ngko ben aku sing nambahi yen ana kurange nggo tuku buah.

Iwan : Aku sih duwene mug 5 rb Rud,

Rudi : Yowis awakmu cah 3 do iuran 5000 aku ngko kurangane sik nggo tuku. Ngko brarti do ditunggu neng warung buah dalan ngarep omahmu wae Lih.

Galih : Ok siap boss, ngko aku tak pamit ro ndelehke tas tok gek langsung mangkat.

Teng..teng..teng bel suara tanda istirahat rampung wis ditabuh dening penjaga kebon, banjur cah 4 mau pada mlebu kelas dewe-dewe nganti teko rampung pelajaran lan bel tanda muleh wis muni. Ana parkiran sekolah cah 4 sing wis pada kangsenan mau banjur budal, Rudi, Iwan, lan Maria pada blanja buah kanggo oleh-oleh Ainun sing lagi kurang sehat, sawentara kui Galih muleh pamit marang ibune yen ameh tilik Ainun sing wis 3 dina ora menyang sekolah.
naskah-drama-bahasa-jawa-persahabatan-menjenguk-teman-sakit

Maria : Kok cepet lehmu pamit leh? Ora salin sipek to?

Galih : Ora Ya, sik penting pamit ibuk njut langsung rene aku. Ayo saiki gek mangkat wae ndak gelak kawanen.

Iwan & Rudi : Ayo ndang pancal alon-alon wae rausah banter-banter.
Baca Juga: Naskah Drama Bahasa Jawa Pendidikan
Ora suwe anggone pada mancal pedal pit akhire cah 4 mau ketuk omahe Ainun, sinambi nyetandarke pit ana ngarep omah banjur cah 4 mau pada nyopot sepatu lan ketok-ketok lawang.

“Tok...tok..tok... assalamu’alaikum” Maria lan Rudi ndodok lawang

Ibune Ainun : Wa’alaikumsalam, eh mbak maria kene do mlebu kancane pada diajak mlebu.

Maria : Enggeh buk, lha punci Ainun mungale nembe gerah sampun mantun dereng?

Ibune Ainun : Iyoe mbak, mau bengi ki wis sudo panase tapi isuk mau semlengit meneh awake dadi rasido isoh mangkat sekolah. kene do lungguh kursi sik tak jeluke Ainun iseh neng kamar.

Galih : Nek nembe sare mbotensah digugah lho buk mengkih ndak malah nganggu le ngaso.

Ibune Ainun : Ora kae mau ki bar tak kon maem njut ngumbe obat seko le priksa neng puskismas gekmben.
ilustrasi-rumah-aiunun-dalam-naskah-drama-bahasa-jawa-persahabatan

Sawise Ibune Ainun mlebu ora suwe banjur Ainun metu kanthi rai pucet lan katon lesuh banget. (Selengkapnya naskah drama bahasa jawa yang mengisahkan persahabatan dapat kita lanjutkan kembali)

Ainun : Eh kanca-kancaku ketuk kene, wis pada muleh to, piye mau sido ulangan matematika ora Wan?

Iwan : Sido Ai, tak kiro awakmu wis iso mangkat j bul iseh ra kepenak, lha piye wis mari durung?

Maria : Iya Ai, mau bengi smsan kae jare meh menyang tapi kok rung mangkat awakmu mau dadi aku yo kawatir terus ngajak Rudi, Iwan, ro Galih rene iki. Iki ana buah gek dimaem yo ngko Ai ben cepet sehat.

Ainun : Walah kok pada reko-reko to kanca-kancaku ki. Awakmu do ketuk kene wae aku ki wis seneng rausah ndadak nggowo-nggowo ngeneki.

Rudi : Iyo Ai, iki yo ra akeh kok, wis priksa neng dokter durung Ai?

Ainun : Aku wingi ki diterke ibuk priksa neng puskesmas lha iki mau bar ngumbe obate durung entek. Lha pait j rasane ki.

Galih : Lhaiyo sik jenenge obat yo pait nuh Ai, yen legi teneh jenenge permen hehee.

Ainun : ih Galiih ki nek geguyon paling isoh wae.

Rudi : Tapi yo ngapunten yo Ai, iki aku ro kanca-kanca raisoh suwe-suwe merga mau durung pada pamit kecuali Galih sik wis mampir muleh pamit ibune, dadi yen awakmu butuh dikancani Galih sik pada tak tinggal yo. Ehehehe
Baca Juga: Naskah Drama Bahasa Jawa 6 Orang
Iwan + Maria : Ciee...ciee.. langsung abing mukane Galih hehehe.

Ainun : Opo sih Iwan ro Maria ki, iyo rapapa Rud, aku wis seneng banget pada tok karuhke, berarti awakmu kabeh yo pada peduli karo aku. Njaluk dongane wae ben ndang mari gek suk esuk wis bisa mangkat sekolah meneh ndak kakean ketinggalan pelajaran.

Maria : Tentu sob, yowis ngunu sipek aku ro kanca-kanca pamit ya sampai ketemu sesuk neng sekolahan.

Ibune Ainun : Welhah kok enggal-enggalan ki kepiye lagi tak godogke wedang j iki, weh.

Rudi : Enggeh buk, nyuwun ngapunten pamit riyen matur suwun mbenjang sanes wekdal mriki maleh mergane dereng pamit kalih tiyang ngomah niki wau ndak di arep-arep.

Ibune Ainun : Wo yo yen ngunu do ati-ati yo matur nuwun wis pada tilik Ainun.

Iwan, Galih, Rudi + Maria : Enggeh buk, ketemu sesuk yo Ain. Assalamu’alaikum.

Banjur 4 bocah kui mau muleh menyang omahe dewe-dewe.

Demikian sebuah contoh naskah drama sederhana yang diperankan oleh 6 orang yang. 5 diantaranya adalah pelajar yang saling bersahabat dan satu lagi berperan sebagai Ibu Ainun. Semoga postingan ini ada manfaatnya dan jangan lupa komentarnya pada kolom di bawah Naskah drama bahasa jawa persahabatan menjenguk teman sakit.