Manik Angkeran Bali Cerita Rakyat Versi Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

19 Februari, 2015

Manik Angkeran Bali Cerita Rakyat Versi Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng siang rencang sedaya. Kumpulan cerita bahasa jawa akan kembali menyampaikan sebuah kisah dengan judul Manik Angkeran cerita rakyat versi jawa. Sebenarnya kisah ini merupakan kisah cerita rakyat bali yang dengan sengaja kami tulis kembali dalam bahasa jawa. Bagaimana cerita manik angkeran dalam cerita rakyat versi jawa silahkan simak artikel berikut ini.

Cerita rakyat bali versi jawa “Manik Angkeran”

Ana jaman dhisik neng kerajan urip sawijining Brahmana kanthi asma Sidi Mantra sing terkenal banget merga kesektiane. Sanghyang Widya utawa Batara guru paring banda, barang lan sawong bojo sing ayu. Sawise tetahunan omah-omah, dekne kabeh anduweni sawong anak kanthi asma Manik Angkeran. 

Senajan Manik Angkeran sawong pemuda sing gagah lan pinter ning dheweke nduweni sifat sing kurang becik, yaiku dhemen main judi. Dheweke kerep kalah sehingga dheweke kepeksa mjaminke banda kesugihan wong tuwane kanggo totohan, ora cukup semunu, Manik Nagkeran uga nduweni utang marang wong liya. Amarga ora bisa membayar utang, Manik Angkeran njaluk bantuan bapake kanggo mecahke masalah. Sidi Mantra pasa lan ndedonga kanggo njaluk tulungan dewa-dewa. Dumadakan dheweke krungu suwara, "Hey, Sidi Mantra, neng kawah gunung Agung ana bandha sing dijaga Naga Besukih. Lungaa mrana lan jaluka supaya dheweke gelem paring sethithik bandane." 

Kumpulan cerita bahasa jawa. Sidi Mantra lunga menyang gunung Agung kanthi ngatasi rintangan kang ana ing ngarepe. Sangantine neng pinggir kawah gunung Agung, dheweke lingguh sila. Sinambi karo nabuh genta dheweke maca Mantra lan nyeluk jeneng Naga Besukih. Ora suwe bajur sang Naga metu. Sakwise krungu niat sowane Sidi Mantra, Naga Besukih ngolet lan saka sisike metu emas ugo inten. Sakwise mengucapke matur nuwun, Sidi Mantra pamit. Kabeh banda kui mau banjur diwenehna marang Manik Angkeran kanthi pengarep-arep dheweke ora arep main judi meneh. Tentu wae ora suwe banda kuwi banjur entek kanggo taruhan. Manik Angkeran jaluk bantuan maneh marang bapake. Ananging wektu kui Sidi Mantra nolak kanggo ngewangi anake mergo anake ora bisa mari saka main judi. 

Cerita rakyat versi jawa. Manik Angkeran krungu saka kancane menawa banda kuwi dijupuk bapakne saka gunung Agung. Manik Angkeran ngerti kanggo mlaku mrana dheweke kudu maca Mantra ning dheweke ora tau sinau babagan donga lan Mantra. Dadi, dheweke mung nggawa genta sing dicolong saka bapake wayah bapake sare. 

Sakwise ketok neng kawah gunung Agung, Manik Angkeran ngunekne gentane. Dumadakan Naga Basukih njedul, Manik Angkeran keweden wayah dheweke ndeleng Naga Besukih. Sakwise Naga krungu kekarepane Manik Angkeran, dheweke celathu, "bakal takwenehna banda sing kok jaluk, ning kowe kudu janji kanggo mengubah sifatmu. aja main judi meneh, elinga hukum karma." 

Manik Angkeran gumun ndeleng emas, inten, lan permata neng ngarepe. Dumadakan ana pangarah ala sing timbul jero atine. Amarga pengen nduweni banda luwih akeh, kanthi cepet dipotong buntut Naga Besukih sawektu Naga muter bali menyang panggonane. Manik Angkeran cepet lunga lan ora kekoyan saka Naga Basukih. Aanging amarga kesaktian Naga kuwi, Manik Angkeran kobong dadi awu wektu tipake dijilat sang Naga. 

Krungu kematiane anake, Sidi Mantra sedhih sanget. Cepet dheweke sowan marang Naga Besukih lan njaluk supaya anake diuripake maneh. Naga nyaguhane asal buntute bisa bali kaya pisanan maneh. Kanthi kesaktiane, Sidi Mantra bisa mbaleke buntut Naga Basukih kaya kahanan pisanan. Sakwise Manik Angkeran diuripake, dheweke njaluk ngapura lan ngujar bakal dadi wong becik. Sidi Mantra ngerti menawa anake wis tobat ananging dheweke uga ngerti menawa dekne kabeh ora meneh bisa urip bareng. 

"kowe kudu mulai urip anyar ning ora neng kene," ngendika Sidi Mandra dening anake. Dumadakan njroning sakedhep mata Manik Angkeran wis ngilang. Saka panggonan Manik Angkeran ngadeg metu sumber banyu sing soyo suwe soyo gedhe nganthi dadi segara. Nganggo tekene, Sidi Mantra nggawe garis sing misahke dheweke karo anake. Saiki panggon kuwi dadi selat Bali sing misahake pulau Jawa lan pulau Bali.

Dari kisah cerita rakyat versi jawa di atas dapat kita ambil kesimpulan bahwa sifat buruk memang tidak mudah untuk dihilangkan, maka dari itu perlu pengorbanan dalam mengubah kebiasaan buruk di dalam diri kita. Satu lagi, keimanan dan ketaqwaan seseorang juga tidak akan pernah bisa diwariskan kepada siapapun, maka dari itu keimanan dan ketaqwaan kita masing-masing perlu kita asah dan kita latih sedini mungkin. Kumpulan cerita bahasa jawa semoga bermanfaat.
cerita-rakyat-versi-jawa