Biodata dan Biografi Raden Ayu Kartini Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

18 April, 2015

Biodata dan Biografi Raden Ayu Kartini Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng ndalu rencang sedaya. Pada hari menjelang peringatan hari kartini 21 April 2015 ini kumpulan cerita bahasa jawa akan menuliskan biografi atau biodata Raden Ayu kartini yang tentunya kita kemas menggunakan bahasa jawa. Bagaimana biodata R.A Kartini bahasa jawa selengkapnya dapat kita simak bersama di bawah ini.

Biodata R.A Kartini Bahasa Jawa

Asma         : Raden Ajeng Kartini utawi Raden Ayu Kartini
Tanggal Lair : 21 April 1879
Panggen Lair : Jepara, Jawa Tengah, Indonesia.
Agami : Islam
Garwa : K.R.M. Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat
Putra         : Soesalit Djojoadhiningrat
Seda         : 17 September 1904 wonten ing kabupaten Rembang, Jawa Tengah.

Sinaosa wonten ing nginggil sampun kawedar satunggaling biodata R.A. Kartini ananging langkung prayogi ugi kita wedar biografi R.A Kartini ngagem bahasa jawa. Kados menapa wedaran kasebut saget kita waos wonteng ngandap menika.

Biografi R.A Kartini Bahasa Jawa

Salah satunggaling pahlawan estri ing negari Indonesia kang terkenal kejawi Cut Nyak Dien nggih menika R.A Katini. Sinaosa panjenenganipun mboten berjoang ngagem gaman ananging perjoangan Raden Ayu Kartini sanged migunani tumrap sedaya tiyang estri wonten negari Indonesia. Amargi awit saking perjoanganipun tiyang estri wonten Indonesia saged ngraosaken pendidikan utawi piwucalan, ugi anggadahi hak sami kados tiyang jaler. 

Awit saking agengipun jasa R.A Kartini kasebut presiden kaping setunggal RI nun injih Ir. Soekarno paring pakurmatan dumateng R.A Kartini minangka netepaken piyambakipun salah satunggaling Pahlawan Kamardikan Nasional. Serat kaputusan presiden menika dipun damel wonten tahun 1964. Saking menika ugi presiden Soekarno netepaken dinten lair R.A. Kartini supados dipunpengeti pahargyan dinten Kartini. Mila menika wonten sakmenika wekdal saben-saben tanggal 21 April kados dinten rebu, 21 April 2015 samakih dipun pengeti dinten Kartini milai saking pawiyatan kados Sekolah Dasar (SD), Sekolah Menengah Pertama (SMA), Sekolah Menengah Atas (SMA), dumigi perguruan tinggi, instansi pemerintahan, lan sapanunggalanipun.

R.A Kartini miyos wonten tlatah Jepara Wulan April surya kaping 21 tahun 1879. Romo utawi bapak saking Kartini nun injih R.M. Sosroningrat kang anggadahi jabatan dados Bupati kabupaten Jepara Jawa Tengah. Asma “Kartini” anggadahi teges “becik”, utawi “mukti”. 

Kedah kula panjenengan sami mangertosi bilih wonten jaman semanten tiyang estri utawi lare estri mbonten angsal nderek sekolah kados tiyang jaler amergi tiyang sepuh rikala semanten anggadahi penggalih bilih tiyang estri menika namung badhe anggadahi tugas Macak, Masak, lan Manak. 
 Sinaosa mekaten tiyang sepuh R.A Kartini marengaken piyambakipun tumut sekolah wonten pawiyatan Walandi. Ing wekdal semanten Kartini dados satunggal-satunggaling siswa estri wonten pawiyatan. Dumugi yuswa 12 (kalih welas) tahun R.A. Kartini saged tumut sekolah ing pawiyatan Walandi. Sak sampunipun yuswa 12 tahun, R.A Kartini mboten angsal malih nderek sekolah amargi kedhah dipun pingit ing griya.

Saking menika perjoangan Kartini milai ketingal, nun injih saking kewasisanipun piyambakipun nulis serat kagem komunikasi kalian rencangipun kang anggadahi panggen wonten negari Walandi. Serat-serat kang ditulis R.A Kartini samangkih andadosna salah satunggaling gaman perjoanganipun supados tiyang estri anggadahi hak langkung sae lan sami kalian tiang jaler. 

Perjoangan Kartini kasebat dereng ugi kasil dumugi piyambakipun pikraman kalian Bupati Rembang kanthi asma K.R.M. Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat. Saking pikraman menika Kartini anggadahi dukungan saking garwanipun sainggo saged ndirekake satunggaling pawiyatan khusus kagem tiyang estri ing wetan gapura kantor bupati rembang rikala semanten. 

Milai saking menika perjoangan Kartini saged dipun raosaken dening tiyang estri sanes wonten ing negari Indonesia. Awit saking menika ugi sakminika tiyang estri anggadahi pidamelan, kedudukan, lan jabatan sami kaliyan tiyang jaler mboten sekedik ugi tiyang estri saget nginggili tiyang jaler anggenipun nyambut damel.

R.A kartini seda surya kaping 13 wulan september taun 1904 kanthi yuswa 25 taun kanthi lan anggadahi satunggal putra asma Soesalit Djojoadhiningrat.

Mekaten satunggaling artikel bahasa jawa kanthi irah-irah “Biodata dan Biografi Raden Ayu Kartini Bahasa Jawa”. Ampun kasupen datheng kanca-kanca sedaya supados nyiapaken busana adat jawi kagem pengetan hari kartini ing dinten rabu, 21 April 2015 samangkih. Sugeng rahayu.