Lirik Tembang Macapat Pocung -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

12 Maret, 2015

Lirik Tembang Macapat Pocung

Loading...

Sugeng siang rencang sedaya, sawise wau kita mirsani contoh tembang pocung. Wonten ngandap menika lirik tembang macapat pocung ingkang kapendet saking serat wulangreh. Kagem gambaran kemawon bileh serat wulangreh menika satunggaling karya saking Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang dados raja kaping telu (3) wonten tlatah surakarta. Kados menapa lirik tembang karya raja surakarta menika monggo sami kita pirsani wonten ngandap menika.

(1)
Akeh tiru pangucap saru rinungu
Anut ukaning tyas
Tan ana kang angukumi
Ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan

(2)
Lawan aja terocoh sugih pepisuh
Ngucap cacah cucah
Anyenengi batur sisip
Yen duduka den dumeling sisipira

(3)
Gawe salah graita kang padha ngrungu
Sanadyan lilaa
Iya kang anduwe rabi
Sanakira ilang pitayaning mana


lirik-tembang-macapat-pocung(4)
Kaping pate wong budi saudagar tambah
Sabarang prakara
Mung mungkul suka lan sugih
Rina wengi mung bathine kang den etang

(5)
Yen wus ndadi nyerete awake kuru
Mesem ulatira
Njambut wadi saking warih
Lambe biru untu putih arang nginang

(6)
Lawan aja karem mring wanita ayu
Kang ala anggepnya
Lan aja mbukak wewadi
Mring ngarsaning wanita tan wurung corah

lirik tembang macapat pocung wonteng nginggil namun enem saking kathah tembang macapat karya Susuhunan Pakubuwana IV kapundut saka serat Wulangreh. Mugi saget kagem pasinaon babakan tembang macapat.