Pawarta Basa Jawa Siswa SD Melu Try Out HUT Kedaulatan Rakyat -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

14 April, 2015

Pawarta Basa Jawa Siswa SD Melu Try Out HUT Kedaulatan Rakyat

Loading...

Pawarta basa jawa. Luwih saka sewu cacah murid Sekolah Dasar sak Ngayogyakarta nderek try out ana ing gedung olahraga Among Raga Jogjakarta minggu  12 april 2015 menika.

Kegiatan kang diawontenaken deneng surat kabar harian kedaulatan rakyat menika dados satunggaling acara pengetan ambal warsa kedaulatan rakyat. Wonten acara try out menika kedaulatan rakyat ugi kerjasama kaliyan dinas pendidikan pemuda dan olahraga propinsi DIY kagem regengipun acara menika.

Katon para bocah SD pada sumringah lan bungah saget tumut try out menika, kejaba kanggo latihan ujian nasional ana ing wulan mei ingkang badhe dateng try out ugi saget kagem nglatih para siswa SD supados kendel lan biasa mbaur dening sesami sinaoso dereng nate tepang satunggal lan satunggale.
pawarta-basa-jawa-tryout-sd-se-diy

Kadarmanta Baskara Aji, nun injih pangarsanipun Disdikpora DIY ngginemaken menawi ajang try out ingkang diprakarsai dening KR menika ngrupikaken kegiatan ingkang positif sanget langkung-langkung kunjuk siswa SD ingkang badhe ndherek ujian nasional taun 2015 wonten wulan mei samangkih. Try out menika sengaja diwujudtake kanggo latihan prediksi soal ingkang badhe medal lebet ujian mangkenipun.

"Harapane bocah-bocah bisa tambah siap anggone ujian nasional uga pikantuk biji kang muasake dening kabeh siswa SD sak DIY”, ngendikanipun.

Baskara Aji ugi mengapresiasi try out ingkang dipunwontenaken KR menika. "acara iki ngrupikaken sumbangsih yektos saking KR lebet ndherek majengaken donya pamucalan ing DIY," criyosipun.
Amargi punika Baskara Aji gadah kekarepan sedaya peserta nggarap soal-soal ingkang enten kanthi serius uga jujur, dadosipun ngasilaken prestasi ingkang inggil. Hal niki ugi sami kaliyan slogan ingkang dicanangaken Disdikpora DIY, yaiku "Jujur pasti, Prestasi tinggi".
pawarta-bahasa-jawa-try-out-sd

Ngantos kala Pawarta Basa Jawa Siswa SD Melu Try Out HUT Kedaulatan Rakyat niki disebarake, para siswa SD kang nderek try out taksih nyamleng nggarap soal ingkang dijadwalkan ngantos sekitar jam 12.00 WIB. Saksampune punika acara hiburan uga dipunakhiri penyerahan bebingah dhateng ingkang berprestasi.

Mekaten Pawarta Basa Jawa Siswa SD Melu Try Out HUT Kedaulatan Rakyat

Waos Ugi: