Contoh Artikel Nglestarekake Budaya Jawi -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

02 Maret, 2015

Contoh Artikel Nglestarekake Budaya Jawi

Loading...

Nagari Indonesia kawastanan nagari maritim amargi kepang dening kathah pulau sahingga budaya Indonesia kathah werninipun. Salah setunggaling njih menika budaya jawi. Mila menika kumpulan cerita bahasa jawa nulis setunggaling contoh artikel nglestarekake budaya jawi.

Budaya dados satunggaling pusaka saking leluhur kita sedaya ingkang mboten saget dinilai reginipun. Mergo saking menika ugi kebudayaan jawa kedah kulo panjenengan sedanden lestarekaken supaya mboten punah. Ngestarekake budaya jawi pancen mboten gampil, amargi kawontenan perkembangan jaman kados sakmenika kebudayaan njawi saget kanthi gampil mlebet lan alon-alon nglunturke kebudayan kita piyambak.

Salah setunggaling cara kagem nglestarekake budaya jawi njih menika ndadosno mata pelajaran bahasa jawi kelebu pelajaran wonten bangku sekolah. Pramila saking menika pamerintah Indonesia sampun mutusaken bilih pelajaran bahasa jawa dipun wilangaken wonten njero pelajaran muatan lokal utawi MULOK. Dening wacana ingkang biasanipun diwilangaken wonten pelajaran bahasa jawa njih menika babakan pidato utawa sesorah basa jawa, cerita wayang ngagem waosan basa jawa, ugi nulis lan moco aksara jawa kawiwitan tulisan aksara jawa lan pasangan dumugi angka aksara jawa.
contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-kebudayaan

Gejobo menika wonten pelajaran basa jawa ugi nambah wilangan babakan tembang macapat saha puisi utawa wongten jawa pun sebut geguritan. Sedaya menika mboten sanes salah setunggaling cara pamerintah kita nglestarekakn budaya jawi.

Wonten tulisan contoh artikel nglestarekake budaya jawi menika ugi kulo ngelingaken dumateng kulo piyambak ugi rencang sedaya supados sesarengan nglestarekaken budaya jawi sahingga kabudayan menika sageto dados kabudayan ugi kagem anak wayah kulo panjenengan sedaya sakmangkih.

Waos Ugi: